بسم الله الر حمن الرحيم
لا اله الا الله.... لااله الا الله.... لا اله الا الله واستغفر للموء منين
لا اله الا الله..... لااله الا الله.... لا اله الا الله سلمنا
والمسلمين
Ya...
Allohu ya robbi, ya... Allohu ya karim,
ya...
Allohu ya rohman, Ya… Aallohu ya rohim.
Duh gusti
kang kuoso, gusti Alloh kang minulyo
Dalem
nyuwon dipun rekso, supados tebih saking neroko.
Urip
kulo ono ing dunyo, sak ben dino sampun rekoso
Lelaku
kulo sak meniko, katah salah katah duso
Isuk
sore awan bengi, nyambut gae ora lali
Ngibadahe
podo keri, sholate ugo lali
Gesang
ono ing dunyo, ora suwi namung sedelo
Nanging
kulo podo sembrono, numpuk i bondo lan dunyo
Mulo
ayo podo ilingo, ngabekti lan ngibadaho
Tuntunane
roshululloh, enggal podo di laksanakno
Gusti
kang moho suci, atur lepat kulo niki
Rino
wengi sampun lali, ra ngibadah ra ngabekti
Milo
atur pangapuro, sedoyone salah kulo
Ampon
natos kulo kesikso, mlebu ono ing neroko
Leres
kulo mboten pantes, manggon ono ing suargo
Nanging
kulo mboten kerso, bileh mlebet ing neroko
Namung
hidayah kangkuoso, engkang saget nunton
kulo
Sangking
lelampahan kulo, gesang wonten alam
dunyo
Tidak ada komentar:
Posting Komentar